Jam
Monday, 11 November 2013
Welcome Rizky Groups : Text Report
Welcome Rizky Groups : Text Report: BIRDS Birds are interesting flying animals. They are vertebrates and warm blooded animals. They belong to aves class and they can be...
Welcome Rizky Groups : Legenda ( Asal-Usul ) Dalam Bahasa Jawa
Welcome Rizky Groups : Legenda ( Asal-Usul ) Dalam Bahasa Jawa: Sejarah Kabupaten Grobogan dalam bahasa Jawa- Miturut cerito ingkang beredar ing daerah Grobogan, saknalika pasukan Demak nang ngisor...
Legenda ( Asal-Usul ) Dalam Bahasa Jawa
Sejarah Kabupaten Grobogan dalam bahasa Jawa-
Miturut cerito ingkang beredar ing daerah Grobogan, saknalika
pasukan Demak nang ngisor pimpinan Sunan Ngudung lan Sunan Kudus nyerbu menyang
puser kerajaan Mojopahit. Ing jero pertempuran kesebut pasukan Demak nyaka
kemenangan gemilang. Ambrola kerajaan Mojopahit. Nalika Sunan Ngundung mleboni
Istana, dheweke nemu akeh pusaka Mojopahit sing ditinggalake. Benda-benda kuwi
dikumpulake lan dimlebokake sakjroning siji grobog, banjur digawa dadi barang
boyongan menyang Demak.
Kadadean kesebut gawe bungahe ati Sunan Ngudung.
Dadi kenangan, mula panggon kesebut diwenehi jeneng Grobogan yaiku panggon
ngrupa grobog.
Ing dhuwur sampun digenahake, menawi grobog yaiku siji kotak persegi dawa sing digunakne kanggo nyimpan dhuwit utawa barang sing digawe saka kayu. Sok-sok nduwe bentuk bunder, ben gampang nggawane lan karo cepet bisa dislametake yen ana bahaya ingkang ngancam, kaya ta bahaya kobongan. Ning grobog uga bisa nduwe arti kandang sing nduwe bentuk kotak kanggo mengangkut kewan buas (kayata: macan) pakoleh tangkepan saka perburuan. Grobog kesebut bisa uga digunakne dadi piranti panangkep macan. Grobog iki biyasa karan Grobog utawa bekungkung (nek cilik karan: jekrekan kanggo nangkep tikus) (Geriecke lan Roorda, 1901 : 569).
Saka panggenahan ing dhuwur, Grobogan asale saka tembung Grobog menwai digawe salam pangucapane dadi "grogol". Yaiku piranti kanggo nyekel kewan buas. Ing Kotamadya Surakarta ana desa nduwe jeneng Grogolan, sing mbiyen digunakake kanggo panggon ngumpulake macan pakoleh perburuan (digrogol utawa dikrangkeng). Ing watesan Kotamadya Surakarta karo Kab. Dati II Sukoharjo ana desa sing nduwe jeneng desa Grogol, Kec. Grogol, dheweke daerah perburuan Sunan Surakarta lan Pajang nang zaman kerajan.
Sadalan karo panggenahan nang dhuwur, mula Grobogan yaiku siji daerah sing digunakake dadi daerah perburuan. Lan jebulane daerah iki ngrupakne daerah perburuan Sultan Demak (Atmodarminto, 1962 : 119) utawa ngrupakne daerah kanggo ndelik para bandit lan penyamun zaman kerajan Demak Pajang (Atmodarminto, 1955 : 123). Nang zaman Kartasura daerah iki ngrupakne daerah panggon tinggal tokoh-tokoh gagah wani jero berperang (Babad Kartosuro, 79), kaya ta : Adipati Puger, Pangeran Serang, Ng. Kartodirjo, lan liya-liyane.
Samana jeng Suitan karsa lelangen, amburu sato ing wanadri, Trenggono kadherekaken para abdi, nggaring sela wus laju maring anggrogol sato wana. (Admadarminto, 1062 : 19).
Ing jero abad XIX, daerah Grobogan ngrupakne daerah kanggo ndelik para pahlawan rakyat pambabagan kekuwasan kolonial Belanda, bebarengan karo daerah Sukowati. Daerah iki cocok banget dadi daerah persembunyian, amarga ngrupakne daerah alas jati sing lebat lan berbukit-bukit.
Sakmeniko asal usul utawa sejarahe kabupaten Grobogan, Jawa Tengah ing bahasa Jawa, mugi saget menehi manfaat.
Dumadining Rawa Jombor
Rawa Jombor punika
sawijining rawa ingkang mapapanipun wonten ing tengah desa krakitan, rawa
punika dipun ubengi dening redi, ingkang sebagian ageng punika bukit kapur,
rawa jombor punika saking kutha klaten tebih ipun kirang langkung 8 kilo meter,
rawa punika ambanipun 198 h, jeronipun 4,5 m, saged nampung 4 juta m3 banyu,
tanggul ingkang ngubengi rawa dawanipun 7,5 kilo meter, dene ambanipun tanggul
12 m.
Sakbenere rawa
jombor ndek emben panggon centhek seng bentuke cekungan amba, diubengi barisan
pegunungan, masalah kui ndadekke papan sing cendhek mau ajek kelebon
banyu pas wektu udan apa ketiga. Papan kui dijenengke rawa jambar sebabe papan
sing cethek mau kerep kelebon banyu terus dijenengke rawa lan manggone ana desa
jombor sing sak iki maleh dadi desa krakitan.
Yen pas musim udan
banyune neng daerah jomor saya duwur amarga ning sisih kulon ana kali sing
jenenge kali ujung lan kali dengkeng, kali loro mau kerep mbludag yen pinuju
udan, lan mbludake mlayu neng rowo jombor, mbludake banyu mau ndadekke rowo
jombor dadi amba, lan ngelepi omahe warga lan sawah-sawah ing kiwa tengenen
rawa kono. Ndadekke warga dadi ngungsi ing panggonan sing luwi duwur lan aman.
Taun 1901, Sinuwun
paku Buwono X karo permerintah landa ngedekke pabrik gula sing
jenenge Manisharjo neng daerah Pedan Klaten. Ngadeke pabruk gula mau
ndadekke lahan pertanian ing daerah kono kabeh ditanduri tebu, saking ambane
lahan tebu, dadi saya okeh banyu sing dibutuhke kanggo ngelepi tebu mau. Dadi
Sinuwun Paku Buwana X karo pemerintah Landa dadi ngerteni ana rawa ing
daerah jombor, sing bisa kanggo ndadekke saluran irigasi saka rawa
tekan kebon tebu kui mau. Irigasi kui mau diwiwiti taun 1917, Sinuwun Paku
Buwana X karo pemerintah Landa ngawe trowongan 1 kilo meter, mbolong gunung
sing ngubengi rawa sarta talang banyu neng nduwur kali dengkeng, gawean kui mau
rampung taun 1921, lan pendhak taun Sinuwun Paku Buwana X mesti nilekI rawa
numpak prau karo ndelok kaendahan kiwa tengen rawa.
Pas penjajahan
jepang pabrik gula manisharjo sing dikelola pemerintah landa dadi bangkrut.
Saka taun 1943-1944 karo pemerintah jepang rawa jambar didadekke waduk lan
digawe tanggul ngubengi rawa nganggo tenaga warga sing dipeksa, sakdurunge
digawe tanggul rawa jombor ambane 500 hektar, sakwise digawe tanggul sing
ambane 5 meter, ambane rawa dadi 180 hektar, sawise penjajahan jepang rawa
jombor tetep dienggo nampung banyu, lan taun 1956 pemerintak kota klaten
netepke rawa jambor dadi papan wisata, taun 1967-1968 sawise ana pemerintahan
orde anyar pemerintah kota klaten ngunakke para tahanan politik dienggo
ndandani rawa njambor, ndandani tanggul saka 5 meter dadi 12 meter gawean mau
rampung 7 sasi, kanthi ngunakke tenaga tahanan politik sing akehe 1700 uwong.
Asal
usule reog ponorogo
Rikala jaman samana
ing klanah ponorogo ana pawongn loro padha sektine. Wong loro iku sak peguron
ora tahu rukun ing babakan apa wae, arane singo barong lan kalana sewandono.
Singo barong lan kelana sewandana iku wong loro sak piguron
nanging dadi mungsuh bebuyutan. Memungsuhane kalorone saya nemen prikolo
kalorone bebarengan ngleboni sayemboro sing sarate ono telu sapa sing menang
sayemboro iku bisa nikah karo putri ayu saka Kediri yaiku dewi
sanggalangit.Dene sarate yaiku :
1. Jaran satus patang puluh papat kembar lan sing
nunggangi pisan
2. Janmo aneh sing endase loro
3. Lan tontonan anyar sing durung nate ono.
Sengite singo barong soyo dadi banget bareng weroh mungsue bisa
oleh jaran satus patang puluh papat ora mung kembar nanging duwe buntut warno
emas. Kanthi licik singo barong kongkonan uwong kepercayaane supoyo ngrebut
syarat sing nomer siji wau marang kelana siwandono.
Akhire dadi perang rame banget sing gowo korban akeh ing kaloro
– lorone mbanjur singo barong lan kalana sewandana adep – adepan perang. Singo
barong meh wae menang ananging wis para isuk srengenge wis metu iku njalari
singa barong kekuatane entek.
Wektu sing kaya ngono iku di werui dene kelono sewandono mulo
terus singo barong di sabdho dadi makhluk aneh sing endhase loro endhas sing
nomer siji singo sing nomer loro merak, kewan sing dadi ingon – ingone singo
barong sak lawase manggon ing endhase singo barong mangani tumo.
Sapa nyana, singo barong sing uwes awujud singo lan merak
dadekake kelono sewandono kasil ing syarat kaloro. Syaray katelune kelono
sewandono ngarak singo barong sing wis rubah wujud dadi singo karo diiringi
gamelan aneh sing digawe saka kayu lan pring iku dadi tontonan sing aneh.
Wusanane ing carito kelano kelandono dadi pemenange terus nikah
karo dewi songgolangit lan dadi panguasa kediri, deweke uga marisi kesenian
arak – arakan singo lan gamelan sing tumekan saiiki di jenengi reong ponorogo.
ASAL-USULIPUN
RAWA PENING
Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan
Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang.
Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog
manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki
Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang
elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang
biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen
wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados
kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun,
peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos
peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun.
Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang
dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan
nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar
badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa
klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun
kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang
bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang
sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten
nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang
maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing
Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang
saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing
ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah
ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo
ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami
sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng
marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing
dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika
kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat
kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang
sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung.
Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang
Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang
dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi
naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik.
Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar,
amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya,
pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah,
lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu
dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar
dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing
sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi
boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar
Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga
ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan
lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar,
Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika
mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa dipunmangertosi Baru
Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri
Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun
boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge
ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar
maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat,
amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat,
jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa
amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel
pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing
ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan
wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi
priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok
menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging
warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya.
Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur,
anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng
wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana
sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados
pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista
pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha
wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang
Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi
mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan
sangu saprelunipun
Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para
warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan
dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe
dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur
saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun
saisinipun.
Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken
mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada.
Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng
dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan
samenika kasebat Rawa Pening.
Wana Kethu
Kasebat
wonten ing jaman Kraton Demak, wonten satunggaling pawongan ingkang sekti
mandraguna ingkang jejuluk Ki Kesdik Wacana, ingkang nembe anglampahi tapa
wonten ing salah satunggaling redi ingkang kalebet wonten pareden Sewu
(pegunungan Seribu). Pareden kalawau kinupeng wana gung liwang-liwung ingkang
kathah sato kewan ingkang galak. Sasanesipun menika kaendahan alamipun sanget
edipeni. Dening panguwaos Kraton Demak, papan menika dipundadosaken papan
pariwisata tumrap para Raja.
Kacarita
wonten iring-iringan Raja ingkang dipundherekaken dening para pengiring lan
senopatinipun, saperlu badhe mbebedhag kidang. Kidang menika wonten ingkang
dipunagem pesta wonten ing wana, namung wonten ugi ingkang dipunbekta kondur
dhateng kraton. Papan ingkang kangge pesta kalawau tundhonipun dipunparinggi
tetenger Desa Seneng, ingkang tegesipun papan kangge seneng-seneng. Dumugi
samenika papan kalawau dados papan ingkang reja. Nate dipundadosaken markas Raden
Mas Said utawi Pangeran Sambernyawa kangge mengsah kompeni Walanda.
Ing
satunggaling wekdal, Raja Demak ngutus satunggaling abdinipun ingkang nami Raden
Panji saperlu amanggihi Pendhita Ki Kesdik Wacana, ingkang mengku wigati sang
Raja mundhut anak kidang ingkang sae, kangge klangenan wonten ing kraton. Sang
pendhita minangkani pamundhutipun sang Raja kasebut. Anak kidang kalawau
dipunlebetaken wonten ing satunggaling papan ingkang dipundamel saking pring
(bumbung) salajengipun dipuntutup. Bumbung kalawau dipunparingaken Raden Panji,
kanthi piweling (wanti-wanti) “Ampun ngantos dipunbikak tutupipun menawi dereng
dumugi wonten ngarsanipun sang Prabu ing Demak”.
Ing
salebeting penggalih Raden Panji tansah enget menapa ingkang dipundhawuhaken Ki
Kesdik Wacana bilih bumbung ingkang dipunparingaken mboten kepareng dipunbikak
menawi dereng dumugi ing ngarsanipun sang Prabu. Ingkang dados gumunipun, sang
Prabu ngersakaken anak kidang, ananging kenging menapa dening Ki Kesdik Wacana
malah dipunparingi bumbung ingkang dipunsumpet. Sanadyan mekaten Raden Panji
tansah enget piwelingipun Ki Kesdik.
Salajengipun
Raden panji dumugi wonten ing wana pejaten, Raden panji tansah mirsani bumbung
ingkang dipunasta, saengga tuwuh krenteg ing penggalihipun mbikak tutup bumbung
kalawau. Namung sasampunipun bumbung dipunbikak tutupipun, Raden Panji kaget
dumadakan saking salebeting bumbung kalawau medal sato kewan alit-alit ingkang
samsaya dangu samsaya ageng, pranyata sato-sato kewan kalawau mboten sanes
inggih menika kidang. Kidang-kidang kalawau cacahipun wonten 16 utawi 8 pasang,
sedayanipun sami mlajar dhateng wana.
Raden
Panji enggal-enggal mlajar nututi kidang-kidang ingkang mlajeng dhateng wana
kalawau ngantos kethunipun (kopyah) dhawah wonten satengahing wana, namung
mboten dipunpenggalih. Kidang- kidang kalawau boten saged kacepang dening Raden
Panji. Raden Panji rumaos getun. Dene sampun sembrana, nerak wewaleripun Ki
Kesdik Wacana. Raden Panji ajrih sanget menawi ing samangke sang Prabu duka.
Raden Panji badhe wangsul dhateng pertapanipun Ki Kesdik Wacana ugi mboten
wantun.
Awit
saking sekti mandraguna, Ki Kesdik Wacana saged mangertosi sedaya ingkang
kalampahan tumrap Raden Panji, lajeng Ki Kesdik Wacana nungka Raden Panji
dhateng wana. Wonten ing satengahing wana Ki Kesdik manggih kethunipun Raden
panji ingkang dhawah nalika nututi kidang. Dening Ki Kesdik papan kalawau dipunparingi
tetenger “Wana Kethu” (Alas Kethu). Papan menika kalebet wewengkon ing tlatah
Wonogiri. Ki kesdik wacana pinanggih kaliyan Raden Panji. Raden Panji daya-daya
sungkem wonten ngarsanipun Ki Kesdik nyuwun pangapunten dene sampun tumindak
lepat inggih menika nerak angger-anggeripun Ki Kesdik.
Ngawuningani
tangisipun Raden Panji, Ki Kesdik welas ing penggalihipun ananging sasintena
ingkang sampun tumindak lepat tetep kapatrapan pidana. Raden Panji dipun
sedakaken dados ‘kidang wulung’ ingkang mbaureksa wonten ing wana Kethu
kalawau.
Sinaosa
kados pundi sedaya kalawau boten namung cekap dipungetuni amargi sampun
kalajeng kapatrapan pidana. Raden Panji kedah nglampahi gesang ingkang enggal
minangka pangarsa sedaya kidang ing wana Kethu.
LEGENDA KOTA KUDUS
Kala rumiyin, Kudus
arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten,
wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir.
Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali
dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun
ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken
perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat
Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes
nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging
ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking
Cina.
Sunggingan saya
ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang
langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun
ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake
Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi
ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para
warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus.
Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura
kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun.
Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/
ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken
masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga
kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing
Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name
Kudus ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi
nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi wontenipun
mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat njaban kitha
ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka
(dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening
Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh
Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken
syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas
kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.
Legenda Tangkuban Perahu
Dicaritakake nak Raja
Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang Raja buang pipis
sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih
topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan
nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi
jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.
Akeh Raja sing pengen
minang, naming rak ono sing ditampa.
Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.

Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.
Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi – ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi.
Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ng Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban Prahu.
Sangkuriang trus ngoyak
DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud jadi
kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing diarani
Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)
ASAL USUL/LEGENDA GOA PAJAJARAN
Wektu jaman biyen ing Bogor wonten praja kang
ageng ratune jejuluk Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku
Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur.
Sak wijining wektu Prabu Siliwangi nimbali kang
putra Banyak Cotro. Sang Prabu sedya anglengseraken Panguwasane marang Banyak
Cotro. Banyak Cotro durung kersa awit rumaos dereng cekap ngelmunipun uga
durung krama. Dheweke duwe karep ngulandana njajah praja milangkori.
Kanthi nyandhang lumrahe wong desa lan
gantos jeneng Raden Kamdaka, Banyak Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing
kadipaten Pasir Luhur. Piyambakipun sinengkake minangka putra sang
Patih Reksonoto.
Nalika wonten upacara anjara iwak ing kali
Logawa datan konyana-nyana Raden Komandaka ketemu karo Dewi Ciptoroso
putra-putrinipun pangunwaos pasir luhur Adipadi Kanandoho. Dasar
Raden Komandoko bagus pasuryane lan Dewi Ciptoroso putri kang sulistro ing
warni sakarone padha nduweni rasa tresna. Nanging, Adipadi Kanandoho
ora sarujuk banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandoko.
Kanthi pitulunganipun Patih Reksonoto Raden Kamandoko bisa lolos saka
pambujunge prajurit Pasir Luhur. Deweke njegur ana ing kali. Prajurit Pasir Luhur
ngira yen Raden Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise mangerteni manowo Raden
Kamandoko wis mati Adipati Kanandoho bungah banget penggalihe,
nanging Dewi Ciptoroso tansah sanget nandhang sungkawa.
Sakwise njegur ing kali Raden Kamandoko keli nganti tekan ing
Desa Panagih. Ing kono Raden Kamandoko diaku anak karo mbok Rondo Rektosuro.
Mbok Rektosuro gadhah jago sing
dijenengi “Mercu”. Raden Kamandoko seneng karo “Mercu” Sabanjure Raden
Kamandoko seneng aben sawung saben-saben diadu “Mercu” tansah menang, mula
Raden Kamandaka kondang kaloko nganti tekan ing
Kadipaten Pasir Luhur.
Pawartane Raden Kamandoko nganti kepireng karo
Adipati Kamandoho. Sang Adipati kabranang ing galih sareng uninga bilih Raden
Kamandoko taksih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang
badhe magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit
lamun bisa nyekel Raden Kamandoko.
Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih
dikantheni para prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden
Kamandoko adu jago. Naliko jago lagi tarung Silih Warni nubles
bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene,
Raden Kamandoko bisa mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan iku banjur
dijenengi Desa Brobosan.

Raden Kamandoko terus mlayu ngetan nganti tumeka
panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sak
wadya balane terus ngoyak Raden Kamandoko. Raden Kamandoko terus mlayu
nganti tekan ing gua. Ing kono Kamandoko ngaso sawetoro. Ora suwe
banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku.
Silih Warni nantang perang tanding karo Raden
Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging
Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar
dadi wonglumrah” kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak
Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua
Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran.

Subscribe to:
Posts (Atom)