Jam

Monday 11 November 2013

Welcome Rizky Groups : Text Report

Welcome Rizky Groups : Text Report: BIRDS Birds are interesting flying animals. They are vertebrates and warm blooded animals. They belong to aves class and they can be...

Welcome Rizky Groups : Legenda ( Asal-Usul ) Dalam Bahasa Jawa

Welcome Rizky Groups : Legenda ( Asal-Usul ) Dalam Bahasa Jawa: Sejarah Kabupaten Grobogan dalam bahasa Jawa- Miturut cerito ingkang beredar ing daerah Grobogan, saknalika pasukan Demak nang ngisor...

Legenda ( Asal-Usul ) Dalam Bahasa Jawa

Sejarah Kabupaten Grobogan dalam bahasa Jawa-

Miturut cerito ingkang beredar ing daerah Grobogan, saknalika pasukan Demak nang ngisor pimpinan Sunan Ngudung lan Sunan Kudus nyerbu menyang puser kerajaan Mojopahit. Ing jero pertempuran kesebut pasukan Demak nyaka kemenangan gemilang. Ambrola kerajaan Mojopahit. Nalika Sunan Ngundung mleboni Istana, dheweke nemu akeh pusaka Mojopahit sing ditinggalake. Benda-benda kuwi dikumpulake lan dimlebokake sakjroning siji grobog, banjur digawa dadi barang boyongan menyang Demak.
Kadadean kesebut gawe bungahe ati Sunan Ngudung. Dadi kenangan, mula panggon kesebut diwenehi jeneng Grobogan yaiku panggon ngrupa grobog.

Ing dhuwur sampun digenahake, menawi grobog yaiku siji kotak persegi dawa sing digunakne kanggo nyimpan dhuwit utawa barang sing digawe saka kayu. Sok-sok nduwe bentuk bunder, ben gampang nggawane lan karo cepet bisa dislametake yen ana bahaya ingkang ngancam, kaya ta bahaya kobongan. Ning grobog uga bisa nduwe arti kandang sing nduwe bentuk kotak kanggo mengangkut kewan buas (kayata: macan) pakoleh tangkepan saka perburuan. Grobog kesebut bisa uga digunakne dadi piranti panangkep macan. Grobog iki biyasa karan Grobog utawa bekungkung (nek cilik karan: jekrekan kanggo nangkep tikus) (Geriecke lan Roorda, 1901 : 569).

Saka panggenahan ing dhuwur, Grobogan asale saka tembung Grobog menwai digawe salam pangucapane dadi "grogol". Yaiku piranti kanggo nyekel kewan buas. Ing Kotamadya Surakarta ana desa nduwe jeneng Grogolan, sing mbiyen digunakake kanggo panggon ngumpulake macan pakoleh perburuan (digrogol utawa dikrangkeng). Ing watesan Kotamadya Surakarta karo Kab. Dati II Sukoharjo ana desa sing nduwe jeneng desa Grogol, Kec. Grogol, dheweke daerah perburuan Sunan Surakarta lan Pajang nang zaman kerajan.

Sadalan karo panggenahan nang dhuwur, mula Grobogan yaiku siji daerah sing digunakake dadi daerah perburuan. Lan jebulane daerah iki ngrupakne daerah perburuan Sultan Demak (Atmodarminto, 1962 : 119) utawa ngrupakne daerah kanggo ndelik para bandit lan penyamun zaman kerajan Demak Pajang (Atmodarminto, 1955 : 123). Nang zaman Kartasura daerah iki ngrupakne daerah panggon tinggal tokoh-tokoh gagah wani jero berperang (Babad Kartosuro, 79), kaya ta : Adipati Puger, Pangeran Serang, Ng. Kartodirjo, lan liya-liyane.

Samana jeng Suitan karsa lelangen, amburu sato ing wanadri, Trenggono kadherekaken para abdi, nggaring sela wus laju maring anggrogol sato wana. (Admadarminto, 1062 : 19).

Ing jero abad XIX, daerah Grobogan ngrupakne daerah kanggo ndelik para pahlawan rakyat pambabagan kekuwasan kolonial Belanda, bebarengan karo daerah Sukowati. Daerah iki cocok banget dadi daerah persembunyian, amarga ngrupakne daerah alas jati sing lebat lan berbukit-bukit.

Sakmeniko asal usul utawa sejarahe kabupaten Grobogan, Jawa Tengah ing bahasa Jawa, mugi saget menehi manfaat.

Dumadining Rawa Jombor

        Rawa Jombor punika sawijining rawa ingkang mapapanipun wonten ing tengah desa krakitan, rawa punika dipun ubengi dening redi, ingkang sebagian ageng punika bukit kapur, rawa jombor punika saking kutha klaten tebih ipun kirang langkung 8 kilo meter, rawa punika ambanipun 198 h, jeronipun 4,5 m, saged nampung 4 juta m3 banyu, tanggul ingkang ngubengi rawa dawanipun 7,5 kilo meter, dene ambanipun tanggul 12 m.
        Sakbenere rawa jombor ndek emben panggon centhek seng bentuke cekungan amba, diubengi barisan pegunungan, masalah kui ndadekke  papan sing cendhek mau ajek kelebon banyu pas wektu udan apa ketiga. Papan kui dijenengke rawa jambar sebabe papan sing cethek mau kerep kelebon banyu terus dijenengke rawa lan manggone ana desa jombor sing sak iki maleh dadi desa krakitan.

        Yen pas musim udan banyune neng daerah jomor saya duwur amarga ning sisih kulon ana kali sing jenenge kali ujung lan kali dengkeng, kali loro mau kerep mbludag yen pinuju udan, lan mbludake mlayu neng rowo jombor, mbludake banyu mau ndadekke rowo jombor dadi amba, lan ngelepi omahe warga lan sawah-sawah ing kiwa tengenen rawa kono. Ndadekke warga dadi ngungsi ing panggonan sing luwi duwur lan aman.
        Taun 1901, Sinuwun paku Buwono X karo permerintah landa ngedekke pabrik gula sing jenenge Manisharjo neng daerah Pedan Klaten. Ngadeke pabruk gula mau ndadekke lahan pertanian ing daerah kono kabeh ditanduri tebu, saking ambane lahan tebu, dadi saya okeh banyu sing dibutuhke kanggo ngelepi tebu mau. Dadi Sinuwun Paku Buwana X karo pemerintah Landa dadi ngerteni ana rawa ing daerah  jombor, sing bisa kanggo ndadekke saluran irigasi saka rawa tekan kebon tebu kui mau. Irigasi kui mau diwiwiti taun 1917, Sinuwun Paku Buwana X karo pemerintah Landa ngawe trowongan 1 kilo meter, mbolong gunung sing ngubengi rawa sarta talang banyu neng nduwur kali dengkeng, gawean kui mau rampung taun 1921, lan pendhak taun Sinuwun Paku Buwana X mesti nilekI rawa numpak prau karo ndelok kaendahan kiwa tengen rawa.
        Pas penjajahan jepang pabrik gula manisharjo sing dikelola pemerintah landa dadi bangkrut. Saka taun 1943-1944 karo pemerintah jepang rawa jambar didadekke waduk lan digawe tanggul ngubengi rawa nganggo tenaga warga sing dipeksa, sakdurunge digawe tanggul rawa jombor ambane 500 hektar, sakwise digawe tanggul sing ambane 5 meter, ambane rawa dadi 180 hektar, sawise penjajahan jepang rawa jombor tetep dienggo nampung banyu, lan taun 1956 pemerintak kota klaten netepke rawa jambor dadi papan wisata, taun 1967-1968 sawise ana pemerintahan orde anyar pemerintah kota klaten ngunakke para tahanan politik dienggo ndandani rawa njambor, ndandani tanggul saka 5 meter dadi 12 meter gawean mau rampung 7 sasi, kanthi ngunakke tenaga tahanan politik sing akehe 1700 uwong.

Asal usule reog ponorogo

Rikala jaman samana ing klanah ponorogo ana pawongn loro padha sektine. Wong loro iku sak peguron ora tahu rukun ing babakan apa wae, arane singo barong lan kalana sewandono. 

Singo barong lan kelana sewandana iku wong loro sak piguron nanging dadi mungsuh bebuyutan. Memungsuhane kalorone saya nemen prikolo kalorone bebarengan ngleboni sayemboro sing sarate ono telu sapa sing menang sayemboro iku bisa nikah karo putri ayu saka Kediri yaiku dewi sanggalangit.Dene sarate yaiku :
1.      Jaran satus patang puluh papat kembar lan sing nunggangi pisan
2.      Janmo aneh sing endase loro
3.      Lan tontonan anyar sing durung nate ono.

Sengite singo barong soyo dadi banget bareng weroh mungsue bisa oleh jaran satus patang puluh papat ora mung kembar nanging duwe buntut warno emas. Kanthi licik singo barong kongkonan uwong kepercayaane supoyo ngrebut syarat sing nomer siji wau marang kelana siwandono.

Akhire dadi perang rame banget sing gowo korban akeh ing kaloro – lorone mbanjur singo barong lan kalana sewandana adep – adepan perang. Singo barong meh wae menang ananging wis para isuk srengenge wis metu iku njalari singa barong kekuatane entek.

Wektu sing kaya ngono iku di werui dene kelono sewandono mulo terus singo barong di sabdho dadi makhluk aneh sing endhase loro endhas sing nomer siji singo sing nomer loro merak, kewan sing dadi ingon – ingone singo barong sak lawase manggon ing endhase singo barong mangani tumo.

Sapa nyana, singo barong sing uwes awujud singo lan merak dadekake kelono sewandono kasil ing syarat kaloro. Syaray katelune kelono sewandono ngarak singo barong sing wis rubah wujud dadi singo karo diiringi gamelan aneh sing digawe saka kayu lan pring iku dadi tontonan sing aneh.

Wusanane ing carito kelano kelandono dadi pemenange terus nikah karo dewi songgolangit lan dadi panguasa kediri, deweke uga marisi kesenian arak – arakan singo lan gamelan sing tumekan saiiki di jenengi reong ponorogo.

ASAL-USULIPUN RAWA PENING

Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos wangsulan  menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu saprelunipun
Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.
Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.

Wana Kethu

            Kasebat wonten ing jaman Kraton Demak, wonten satunggaling pawongan ingkang sekti mandraguna ingkang jejuluk Ki Kesdik Wacana, ingkang nembe anglampahi tapa wonten ing salah satunggaling redi ingkang kalebet wonten pareden Sewu (pegunungan Seribu). Pareden kalawau kinupeng wana gung liwang-liwung ingkang kathah sato kewan ingkang galak. Sasanesipun menika kaendahan alamipun sanget edipeni. Dening panguwaos Kraton Demak, papan menika dipundadosaken papan pariwisata tumrap para Raja.
            Kacarita wonten iring-iringan Raja ingkang dipundherekaken dening para pengiring lan senopatinipun, saperlu badhe mbebedhag kidang. Kidang menika wonten ingkang dipunagem pesta wonten ing wana, namung wonten ugi ingkang dipunbekta kondur dhateng kraton. Papan ingkang kangge pesta kalawau tundhonipun dipunparinggi tetenger Desa Seneng, ingkang tegesipun papan kangge seneng-seneng. Dumugi samenika papan kalawau dados papan ingkang reja. Nate dipundadosaken markas Raden Mas Said utawi Pangeran Sambernyawa kangge mengsah kompeni Walanda.
            Ing satunggaling wekdal, Raja Demak ngutus satunggaling abdinipun ingkang nami Raden Panji saperlu amanggihi Pendhita Ki Kesdik Wacana, ingkang mengku wigati sang Raja mundhut anak kidang ingkang sae, kangge klangenan wonten ing kraton. Sang pendhita minangkani pamundhutipun sang Raja kasebut. Anak kidang kalawau dipunlebetaken wonten ing satunggaling papan ingkang dipundamel saking pring (bumbung) salajengipun dipuntutup. Bumbung kalawau dipunparingaken Raden Panji, kanthi piweling (wanti-wanti) “Ampun ngantos dipunbikak tutupipun menawi dereng dumugi wonten ngarsanipun sang Prabu ing Demak”.
            Ing salebeting penggalih Raden Panji tansah enget menapa ingkang dipundhawuhaken Ki Kesdik Wacana bilih bumbung ingkang dipunparingaken mboten kepareng dipunbikak menawi dereng dumugi ing ngarsanipun sang Prabu. Ingkang dados gumunipun, sang Prabu ngersakaken anak kidang, ananging kenging menapa dening Ki Kesdik Wacana malah dipunparingi bumbung ingkang dipunsumpet. Sanadyan mekaten Raden Panji tansah enget piwelingipun Ki Kesdik.
            Salajengipun Raden panji dumugi wonten ing wana pejaten, Raden panji tansah mirsani bumbung ingkang dipunasta, saengga tuwuh krenteg ing penggalihipun mbikak tutup bumbung kalawau. Namung sasampunipun bumbung dipunbikak tutupipun, Raden Panji kaget dumadakan saking salebeting bumbung kalawau medal sato kewan alit-alit ingkang samsaya dangu samsaya ageng, pranyata sato-sato kewan kalawau mboten sanes inggih menika kidang. Kidang-kidang kalawau cacahipun wonten 16 utawi 8 pasang, sedayanipun sami mlajar dhateng wana.
            Raden Panji enggal-enggal mlajar nututi kidang-kidang ingkang mlajeng dhateng wana kalawau ngantos kethunipun (kopyah) dhawah wonten satengahing wana, namung mboten dipunpenggalih. Kidang- kidang kalawau boten saged kacepang dening Raden Panji. Raden Panji rumaos getun. Dene sampun sembrana, nerak wewaleripun Ki Kesdik Wacana. Raden Panji ajrih sanget menawi ing samangke sang Prabu duka. Raden Panji badhe wangsul dhateng pertapanipun Ki Kesdik Wacana ugi mboten wantun.
            Awit saking sekti mandraguna, Ki Kesdik Wacana saged mangertosi sedaya ingkang kalampahan tumrap Raden Panji, lajeng Ki Kesdik Wacana nungka Raden Panji dhateng wana. Wonten ing satengahing wana Ki Kesdik manggih kethunipun Raden panji ingkang dhawah nalika nututi kidang. Dening Ki Kesdik papan kalawau dipunparingi tetenger “Wana Kethu” (Alas Kethu). Papan menika kalebet wewengkon ing tlatah Wonogiri. Ki kesdik wacana pinanggih kaliyan Raden Panji. Raden Panji daya-daya sungkem wonten ngarsanipun Ki Kesdik nyuwun pangapunten dene sampun tumindak lepat inggih menika nerak angger-anggeripun Ki Kesdik.
            Ngawuningani tangisipun Raden Panji, Ki Kesdik welas ing penggalihipun ananging sasintena ingkang sampun tumindak lepat tetep kapatrapan pidana. Raden Panji dipun sedakaken dados ‘kidang wulung’ ingkang mbaureksa wonten ing wana Kethu kalawau.
            Sinaosa kados pundi sedaya kalawau boten namung cekap dipungetuni amargi sampun kalajeng kapatrapan pidana. Raden Panji kedah nglampahi gesang ingkang enggal minangka pangarsa sedaya kidang ing wana Kethu.

LEGENDA KOTA KUDUS
Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging  ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking Cina.
Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name Kudus  ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.

Legenda Tangkuban Perahu
Dicaritakake nak Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang Raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.
Akeh Raja sing pengen minang, naming rak ono sing ditampa.
Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.

Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.
Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi – ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi.
Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ng Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban Prahu.
Sangkuriang trus ngoyak DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud jadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing diarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)

ASAL USUL/LEGENDA GOA PAJAJARAN

Wektu jaman biyen ing Bogor wonten praja kang ageng ratune jejuluk Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur.
Sak wijining wektu Prabu Siliwangi nimbali kang putra Banyak Cotro. Sang Prabu sedya anglengseraken Panguwasane marang Banyak Cotro. Banyak Cotro durung kersa awit rumaos dereng cekap ngelmunipun uga durung krama. Dheweke duwe karep ngulandana njajah praja milangkori.
Kanthi nyandhang lumrahe wong desa lan gantos jeneng Raden Kamdaka, Banyak Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing kadipaten Pasir Luhur. Piyambakipun sinengkake minangka putra sang Patih Reksonoto.
Nalika wonten upacara anjara iwak ing kali Logawa datan konyana-nyana Raden Komandaka ketemu karo Dewi Ciptoroso putra-putrinipun pangunwaos pasir luhur Adipadi Kanandoho. Dasar Raden Komandoko bagus pasuryane lan Dewi Ciptoroso putri kang sulistro ing warni sakarone padha nduweni rasa tresna. Nanging, Adipadi Kanandoho ora sarujuk banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandoko. Kanthi pitulunganipun Patih Reksonoto Raden Kamandoko bisa lolos saka pambujunge prajurit Pasir Luhur. Deweke njegur ana ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise mangerteni manowo Raden Kamandoko wis mati Adipati Kanandoho bungah banget penggalihe, nanging Dewi Ciptoroso tansah sanget nandhang sungkawa.
Sakwise njegur ing kali Raden Kamandoko keli nganti tekan ing Desa Panagih. Ing kono Raden Kamandoko diaku anak karo mbok Rondo Rektosuro.
Mbok Rektosuro gadhah jago sing dijenengi “Mercu”. Raden Kamandoko seneng karo “Mercu” Sabanjure Raden Kamandoko seneng aben sawung saben-saben diadu “Mercu” tansah menang, mula Raden Kamandaka kondang kaloko nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur.
Pawartane Raden Kamandoko nganti kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kabranang ing galih sareng uninga bilih Raden Kamandoko taksih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang badhe magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandoko.
Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden Kamandoko adu jago. Naliko jago lagi tarung Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandoko bisa mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan iku banjur dijenengi Desa Brobosan.

Raden Kamandoko terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sak wadya balane terus ngoyak Raden Kamandoko. Raden Kamandoko terus mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Kamandoko ngaso sawetoro. Ora suwe banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku.
Silih Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wonglumrah” kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran.